Postingan

Menampilkan postingan dari Januari 1, 2010

RUBES LAN NGENES IKU GINAWE DEWE MULA AJA SOK NGGEDE RUMANGSA

Gambar
U tang lan mutangake iku bisa uyuda marang katentreman, yen entuk utang lega atine sanalika rumangsa ditulung yen bisa ngutangi sanalika bungah tetulung, nanging batine golek untung mbuh apa kang bakal dinunung.Manungsa yen arep tentrem, yen bisa aja utang lan ngutangake, marga yen arep ngutangake iku ing batin wis duwe was-was, wis digagas-gagas kongsi memet-njlimet, wasana kedadiyane ditulungi ora wurung dadi komet, iku bisa ora slamet. Sang saya suwe dadi padu, loro-lorone pada nesu, malah-malah dadi satru, iku anyudakake rahayu.Yen wong kang utang iku ora bisa netepi janji, iku banjur kurang pangaji, marga nyulayani janji, nuli kawistara yen ora duwe pengaji. Mula iku kudu tepa slira, rikala semana kelara-lara, ana manungsa utama kang paring tetulung, nanging aja males mbingung, malah-malah males mentung, iku tindake wong pengung akeh-akeh manungsa kang sungsang-sungsang iku aran tiyang iku senenge yen mung oleh utang, ora ketang dol wirang meksa nyandak utang, ing batin yen liwat