Postingan

Menampilkan postingan dari Maret 21, 2010

Centhini

Gambar
Bêbuka w ahyaning arda rubeda ki pujangga amengêti mêsu cipta mati raga mudhar warananing gaib sasmita sakalir ruwêding sarwa pakewuh wiwaling kang warana dadi badaling Hyang Widdhi amêdharakên paribawaning bawana Mangkya darajating praja kawuryan wus sunyaruri rurah pangrehing ukara karana tanpa palupi ponang paramengkawi kawilêting tyas malatkung kongas kasudranira tidhêm tandhaning dumadi ardayengrat dening karoban rubeda Ratune ratu utama patihe patih linuwih pra nayaka tyas raharja, parandene tan dadi, paliyasing kalabêndu, malah sangking andadra, rubeda kang ngrêribêdi, beda-beda ardane wong sanagara. Katatangi tangisira sira sang paramengkawi kawilêting tyas duhkita katamaning reh wirangi dening upaya sandi sumaruna anarawung pangimur manuara met pamrih melik pakolih têmah suha ing karsa tanpa wêweka Dhasar karoban pawarta babaratan ujar lamis pinudya dadya pangarsa wêkasan malah kawuri yen piniki