Centhini

Bêbuka

wahyaning arda rubeda

ki pujangga amengêti

mêsu cipta mati raga

mudhar warananing gaib

sasmita sakalir

ruwêding sarwa pakewuh

wiwaling kang warana

dadi badaling Hyang Widdhi

amêdharakên paribawaning bawana



Mangkya darajating praja

kawuryan wus sunyaruri
rurah pangrehing ukara

karana tanpa palupi

ponang paramengkawi

kawilêting tyas malatkung

kongas kasudranira

tidhêm tandhaning dumadi

ardayengrat dening karoban rubeda



Ratune ratu utama

patihe patih linuwih

pra nayaka tyas raharja,

parandene tan dadi,
paliyasing kalabêndu,
malah sangking andadra,
rubeda kang ngrêribêdi,
beda-beda ardane wong sanagara.



Katatangi tangisira

sira sang paramengkawi
kawilêting tyas duhkita
katamaning reh wirangi
dening upaya sandi
sumaruna anarawung
pangimur manuara
met pamrih melik pakolih
têmah suha ing karsa tanpa wêweka



Dhasar karoban pawarta

babaratan ujar lamis
pinudya dadya pangarsa
wêkasan malah kawuri

yen pinikir sayêkti
pedah apa aneng ngayun
andhêdhêr kaluputan
siniraman banyu lali
lamun tuwuh dadi kêkêmbanganing beka



Ujar paniti sastra

awawarah asung peling

ing jaman kêneng musibat
wong ambêk jatmika kontit
mangkono yen niteni
pedah apa mituhu
pawarta alawora
mundhak angraranta ati
angur baya ngikêta cariteng kuna



Kêni kinarya darsana

panglimang ala lan bêcik
sayêkti akeh kewala
lalakon kang dadi tamsil

masalahing ngaurip

wahananira tinêmu

têmahan anarima

mupus papasthening takdir
puluh-puluh anglakoni kaelokan





Amênangi jaman edan

ewuh aya ing pambudi

melu edan nora tahan

yen tan milu anglakoni

boya kaduman melik

kalirên wêkasanipun
dilalah karsa Allah
bêgja-bêgjane kang lali
luwih bêgja kang eling lawan waspada



Samono uga babasan

padu-padune kepêngin

nggih mekotên Paman Dhoblang
bener ingkang angarani
nanging sajroning batin
sajatine nyamut-nyamut
wis tuwa arêp apa
muhung mahasaning ngasêpi
supayantuk parimarmaning Hyang Suksma



Beda lamun kang wus santosa

kinarilan ing Hyang Widdhi

satiba malanganeya

tan susah ngupaya kasil

saking mangunah prapti
Pangeran paring pitulung

mara samaning titah
rupa sabarang pakolih

parandene masih tabêri iktiyar



Sakadare linakonan

mung tumindak mara ati
anggêr tan dadi prakara
karana wirayat muni
iktiyar iku yêkti
pamilihe reh rahayu
sinambi budi daya
kanthi awas lawan eling
kang kaesthi antuka parmaning Suksma





Ya Allah ya Rasulullah

kang sipat murah lan asih
mugi-mugi aparinga
pitulung ingkang nartani
ing alam awal akir
dumunung in gêsang ulun
mangkya sampun awrêdha
ing wêkasan kadi pundi
mila mugi wontêna pitulung Tuhan




Sagêda sabar santosa

mati sajroning ngaurip
kalising reh aru-ara
murka angkara sumingkir
tarlen mêlêng malatsih
sanityaseng tyas mamasuh
badharing sapu dhêndha
antuk mayar sawatawis
borong angga suwarga mesi martaya

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Kota Majapahit di Trowulan

Bahasa Jawa : Sekilas Asal-Usul Bentuk Kromo-Ngoko

Taliwangke dan Samparwangke